Rabu, 24 Februari 2010

pidhato

Assalamualaikum wr. wb.

Dhumateng sedaya warga Condhongcatur lan Bapak Amir sakaluwarga ingkang kula hormati.
Mangga kita sami ngaturaken puji syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring kanikmatan saengga kita saget makempal wonten ing dalemipun Bapak Amir.

Kula minangka wakil sedaya warga Condhongcatur matur wonen ing ngarsanippun Bapak Amir, ingkang sepisan puji syukur dhumateng Gusti Kang Maha Agung kaparingan wekdal nglaksanakaken haji dhateng tanah suci. Ingkang kaping kaleh, kula saha sedaya warga nderek mangayubagya mugi-mugi tindhakipun tansah kaparingan sehat lan dados haji ingkang mabrur. Ingkang kaping tiga, kula lan sedaya warga nyuwun pangapunten mbok bilih sowan kula kirang dados renaming penggalih panjenengan sakaluwarga.
Mekaten ingkang kula aturaken. Kirang langkungipun kula nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum wr. wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar