Rabu, 24 Februari 2010

Nyinau Basa Jawa Kanthi Raos Tresno

Nyinau Basa Jawa Kanthi Raos Tresno

Akeh kang ngomong yen basa Jawa punika angel. Malah ana uga kang nduwe pamanggih menawa nyinau basa Jawa punika luwih angel tinimbang kaliyan nyinau basa manca. Kamangka kang nduwe pamanggih mau yaiku uwong aslli Jawi. Kenapa kok isa ngono? Punapa bener basa Jawi punika pancen angel? Ngomonge para sesepuh, sakbenere basa Jawi punika ora angel. Menawa kagawe angel yo dadi angel tenan. Basa Jawi kaangep angel amarga ing basa Jawi ana ingkang diwastani undh-usuk utawa unggah-ungguhing basa. Unggah-ungguhing basa mau kaperang dadi papat. Ngoko lugu,ngoko alus,karma lugu lan karma alus. Saking unggah-ungguhing basa cacahpapat mau ingkang kaanggep gampang dewe yaiku ngoko lugu. Basa ngoko lugu akih digunakake ing bebrayan Jawi, digunakake kanggo omongan uwong tuwa marang uwong enom utawa anak, uga kanggo gineman anak karo anak, utawa uwong tuwa marang uwong tuwa ingkang uwes raket srawunge. Dene unggah-ungguh basa ingkang kaanggep angel yaiku basa krama alus, amarga akih ngapalake tembung-tembung, mliginipun tembung ingkang kanggo ngaosi marang uwong sepuh. Babagan undha-usuk utawa unggah-ungguhing basa mau tumrap para siswa bisa kasinau ing sakjerone wucalan basa Jawi ing pawiyatan. Wiwit anane Keputusan Gubernur Jawa Tengah Nomer 895.5/01/2005 ngengingi kurikulum basa Jawa, basa Jawa langsung dadi wucalan wajib ingkang diwenehake ing pawiyatan-pawiyatan wiwit tataran SD (Sekolah Dasar) nganti tekan SMA (Sekolah Menengah Atas). Sadurunge ana keputusan gubernur kasebat, wucalan basa Jawa mung kanggo jangkep-jangkep, namung diwucalake ing tataran SD tekan SMP. Sapunika basa Jawi wiwit pikantuk kalodhangan mirunggan, muga-muga wae bisa njalari basa Jawi dadi luwih ngrembaka, ora ajeg mrihatosake. Akih para nimpuna basa ingkang padha ngomong yen sejatine ingkang njalari basa Jawi dadi mrihatosake punika ora padha ya saka uwong Jawa dewe. Saperangan gedhe uwong Jawa ing gesang paditene. Pawadane yen basa Jawa ora praktis , kurang komunikatif, lan liya-liyane. Kasunyatan waktu punika akih kaluwarga-kaluwarga Jawi anggene padha nggulawentah putrane ora nganggo basa Jawi. Utaminipun ibu-ibu, sinaosa asli uwong Jawa, nanging kaya-kaya uwis padha kelalen marang basa Jawi. Kabukten nalika nuwe putra, wiwit lair putrane uwis dikulinakake mawi basa Indonesia. Babar pisan ora dikulinakake ngomong basa Jawa. Dadi para putra padha ora dhong karo basa Jawa. Punapa malih unggah-ungguhe.saperangan ibu-ibu mau padha ngomong yen ing jaman teknologi maju punika basa Jawi ora prelu lan malih sapunika umume padha nganggo basa Indonesia. Pramila pilih ngangge basa Indonesia wae ingkang omonge luwih gampang. Pamanggih mau ana benere nanging uga akih salahe. Uwes dingerteni ing akih yen basa Jawi punika ora mung bisa kanggo pasrawungan wae.luwih saka kuwi basa Jawa uga bisa kanggo nggulawenthah babagan tatakrama, sopan santun, lan budhi pekerti marang para putra. Kanthi ngulinakake ngangge basa Jawa , kaajab para putra mau bisa luwih nduweni tatakrama ingkang apik lumantar unggah-ungguhing basa. Basa Jawi punika tetep nduweni keapikan menawa katandhingake kaliyan basa liyane. Matur nuwun kuwi tuladha, aku tau maca sawijining rubric pendhidhikan ing kalawarti Jayabaya, ingkang nyebatake yen tembung-tembung ing basa Jawi punika apik-apik. Lagi anggone ngucapake wae bedha karo tembung-tembung ing basa liyane. Umpamane tembung “matur nuwun” anggene ngucapake tamtu kanthi sareh. Bedha karo anggene ngucapake tembung thank you, terima kasih, kamsia, ingkang bisa diucapake kanthi seru utawa sora. Basa Jawa bisa disinau mawi cara ingkang warna-warna, kaya ingkang taksih tansah taktindake. Cara-cara mau upamane, bisa sinau lumantar buku-buku basa Jawa ing sekolahan, mligi para siswa, menawa mrangguli bab-bab ingkang ora cetha kudu wani njaluk ngerti marang bapa utawi ibu guru basa Jawa. Kanggo ingkang durung ngerti, kalawarti lan ariwarti basa Jawa punika isinipun warna-warna, wiwit dongeng kanggo para putra, kabudayan, kasustran, nganthi paramasastra kabeh ana. Kanthi asring maca wacanan basa Jawi mau ora seserepan kita bab basa Jawi bisa mindhak. Sakuwise seneng maca,menawa manggihake bab-bab ingkang kurang cetha, bisa njaluk ngerti marang para sesepuh ingkang kawawas pancen pana ing bab basa lan kabudayan Jawa, lumrahe para sesepuh mau nyata mumpuni tenan. Sateruse, prekawis kasil lan ora anggene nyinau basa Jawa mau gumantung marang pribadinipun dewe-dewe. Ingkang wigate, sadurungewiwit nyinau basa Jawa luwih ndisik kudu duwe niyat ingkang kuwat kanthi dilandhesi raos tresno marang basa Jawa. Nindakake pegaweyan punapa wae menawa dilandhesi raos tresna lumrahe tamtu badhe nuwuhake asil ingkang apik lan nyenengake. Luwih prayoga minangka uwong ingkang uwis kinodrat dadi uwong Jawa sumangga padha nduweni raos tresna marang basa Jawi. Sapa meneh ingkang kudu tresna menawa ora uwong Jawa dewe. Iya aku kaliyan kue kabeh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar